Kamis, 08 September 2022

bahasa jawa kelas x

 

YAYASAN  TOHA  AL-MAQI

 
SMK ISLAM AL-MADATSIR

TERAKRDITASI  B

KARANGASEM SAYUNG DEMAK JATENG

Jl. Genuk-Pamongan Km 5, Karangasem, RT 03/04

 Kec. Sayung Kab. Demak 59563

 

PENILAIAN  TENGAH  SEMESTER

TAHUN   2022

 

MATA   PELAJARAN          :  BAHASA   JAWA

JAM                                        :

TANGGAL                             :

HARI                                      :

KELAS                                   : X  SEMUA  JURUSAN 

 


Wenehana tandha ping ing jawaban a, b, c, d utawa e minangka wangsulan sing paling bener!


1.  Pamaos nalika macakake pawarta kudu isa mbedakake aksara konsonan ing abjad Jawa. Amarga ana perangan kang beda karo abjad umum. Abjad kasebut yaiku da lan dha, ta lan tha.

Perangan iku kalebu kaprigelan babagan ….
A. nggunakake pangucap kang trep
B. pamedhote frasa kang trepC. nggunakake int2onasi, nada, lan tekanan kang trep
D. ngreteni tandha wacan kanthi trep
E. swara kang cetha
 
2.  Ngatur mandheg lan nerrusake pamacane naskah pawarta iku diarani babagan ….
A. nggunakake pangucap kang trep
B. pamedhote frasa kang trep
C. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
D. ngreteni tandha wacan kanthi trep
E. swara kang cetha
 
3.  Ing ngisor iki kalebu jinising omah joglo, kejaba…
A. Joglo Pendhapa, Joglo Jompongan, Joglo Pangrawit,
B. Joglo Mangkurat, Joglo Hageng, Joglo Lawakan,
C. Joglo Semar Tinandhu, Joglo Jompongan, Joglo Pringgitan
D. Joglo Jompongan, Joglo Pangrawit, Joglo Regolan
E. Joglo Semar Tinandhu, Joglo Regolan, Joglo Pringgitan

4.  Joglo ugi nggadhahi kamar khusus ingkang kaasmani Gedhongan. Gedhongan minangka panggenan kagem katentreman, panggenan ibadah tuwin samubarang kagiyatan suci sanesipun.
Saking pethilan wacan kasebut, nilai-nilai ingkang kaandhut inggih punika.....
A. Agama
B. Politik
C. Sosial

 

 

 

 

D. Budaya
E. Bahasa Jawa 5.  Ruwangan ingkang jembar tanpa sekat-sekat, dipunginakaken kangge nampi tamu utawi ruwang kangge dolanan lare-lare. Papan kangge kumpul kaluwarga. Wujude pesagi lan kagungan sekawan tiyang (saka guru) ing tengah-tengah.
Andharan kasebut kaemot ing andharan kasebut, yaiku ....
A. Sosial
B. Estetika
C. Etika
D. Bahasa Jawa

E. Religi

6. Artikel preskriptif yaiku..........

a. Tulisan kang didhapuk kanggo nggambarake sawijine prekara kang pinuju dumadi ing madyaning bebrayan
b. Artikel kang ngemot sawijine babagan kang sipate arep utawa durung dumadi, miturut analisa di penulis
c. Artikel kang aweh tuntunan marang pamaos kanggo nindakake sawijine babagan saengga ora ngalami kekeliruan
d. Tulisan kang isine ndungkapape fakta-fakta miturut pamawase si penulis

7. Lumrahe Makalah Panaliten iku didungkapake sajrone artikel..........

a. Preskriptif

b. Predhiktif

c. Eksplanatif

d. Eksploratif

8. Sing kalebu tuladhane artikel deskriptif yaiku..........

a. Mboboti sayembara perang lebur kena aji Narantaka
b. Terapi banyu putih
c. Sanksi kepala dhaerah
d. Sesambungan karo tanah leluhur ora bisa pedhot

e. sanksi  kepala  desa

8. Artikel kang ngemot sawijine babagan

 

 

 

 

 

 

 

kang sipate arep utawa durung dumadi. Iki ingaranan artikel........

a.. Predhiktif

b. Dheskriptif

c. Preskriptif

d. Eksplanatif

e. ringkase

 

9. “Godhong Murbei Tamba Asam Urat lan Kencing Manis” didungkapake sajrone artikel..........

a. Eksploratif

b. Preskriptif

c. Predhiktif

d. Eksplanatif

10. Tulisan kang isine panemu, ide utawa fakta kang tarkadhang nglelipur, ndhidhik utawa nyaruwa sawijine babagan diarani..........

a. Teks wayang

b. Teks artikel

c. Cerkak (cerita cekak)

d. Teks profil

e. Teks formal

11. Sing ora kalebu ciri-ciri saka artikel yaiku..........

a.Tulisane cekak, padhet, cetha lan pembahasane jangkep lan tuntas
b. Sumbere saka fakta kang ana
c. Basane mentes, ora dawa ngambra-ambra
d. Isi kang disampekake cudnhuk klawan fakta kang diolehi saka nara sumber

e. kabeh  jawaban   salah

12. Strutur saka teks artikel kasusun saka, kajaba..........
a. Pambuka

b. Isi

c. Dudutan

d. Panutup

e, jawaban  surat

 

13. Tulisan kang didhapuk kanggo nerangake utawa njlentrehake sawijine babagan marang pamaos. Iku ingaranan artikel..........

a. Eksplanatif

b. Preskriptif

c. Dheskriptif

d. Eksploratif

 

14. Artikel “Dolanan Tradisional Nyenengake Luwih Murah lan Guyub” didungkapake sajrone artikel..........

a Ekpsloratif

b. Eksplanatif

c. Dheskriptif

d. Predhiktif

e. Induktif

Disclaimer:

. 15.  Gumarenggeng anggereng anggung grumunggung. Pethilan tembang kasebut minangka
tuladha saking…
A. Purwakanthi basa

 

 

 

B. Purwakanthi sastra
C. Purwakanthi swara
D. Tembung dwilingga
e.  Tembung garba



16.      Ukaran ing ngandhap, ingkap nduweni purwakanthi lumaksita yaiku…
A. Ugungan sadina-dina, Aja mangkono wong urip
B. Ingkang sipat wisesa winisesa wus, Mulih mula mulanira
C. Mangkono ilmu kang nyata, Sanyatane mung weh reseping ati
D. Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung, Kang tumrap neng tanah jawi
E. Bungah ingaranan cubluk, Sukeng tyas yen denira 
17.       mangkono ngèlmu kang nyata
 sanyatane mung wèh rêsêping ati
bungah ingaranan cubluk
sukèng tyas yèn dèn ina

nora kaya si punggung anggung gumunggung ugungan sadina-dina
aja mangkono wong urip
Piwulang saking tembang macapat kasebut inggih punika ....
A. Kedah sinau ingkang patut lan ugi nerapaken ilmu punika kangge dhiri pribadhi.
B. Kedah gadhah ilmu kang saged damel ati tentrem, nebihi sipat gumedhe lan remen dipangalembana.
C. Tiyang ingkang bodho padatan langkung kathah omong.
D. Kedah nuladha tiyang pinter kang saged ngalah lan purun nutupi salahe tiyang sanes. E. kedah dados tiyang ingkang saged ngrumangsani kaluputane piyambak. 
18.      Gatekna Tembang ing ngisor iki!
1. Si pengung nora nglegawa,
2. Ngalingi marang si pingging
3. Saya elok alangka longkanganipun,
4. Kandhane nora kaprah,
5. Ngandhar-andhar angendhukur,
6. Si wasis waskitha ngalah,


19. Sangsayarda denira cacariwis,
Tegese tembung pingging, Si wasis yaiku….
A. Menengan, pinter
B. Bodho, pinter
C. Pinter, lamis
D. Seneng ngapusi, apikan
E. Pinter, cerewet 
20.      Gatekna wacan cerkak ing ngisor iki!
        Tinimbang ana omah mung nganggur lan ngenteni ditakonake anake wong, karuwan lunga nggolek pengalaman nggolek upa aneng kutha, ucape Kinanthi nalika ngajak Tangguh mangkat Semarang. Pranyata Tangguh uga sarujuk. Lan saiki wis genep setaun anggone bebarengan sinau nyambung nyawa ing kutha atlas.
        “Mbak, nyuwun

 

 

 

 

 

 

kentang goreng kalih es lemon tea malih, inggih.” “Inggih, Mbak,” pelayan mau mesem.
        Tangguh nyawang kancane. Dheweke ngerteni menawa Kinanthi lagi nandang susah ing batin mlayune kudu mangan enak lan akeh. Dheweke gumun,

kenangapa kancane sinarawedhi iku ora bisa mbukak atine kanggo nrima tresnane wong lanang. Kamangka wis akeh banged priya sing nyedhaki lan karep ngrengkuh Kinanthi.
         “Kenangapa ta, Kin, apa ta, kurange Mas Sudibya? Priyantune nggantheng, nyambut gawene wis mapan. Superviser ing kantormu, ta?” pitakone Tangguh.
        “Piye ya, Ngguh, Mas Sudibya ora tipeku, kurang cocog, tur meneh, aku durung kepingin sinau katresnan. Esih akeh cita-cita lan kepinginan sing pingin takranggeh,” sinambi dolanan sedhotan ing lambene, Kinanthi nyauri.
 
Saka cerita kasebut, Kinanthi nduweni sipat….
A. Sabar
B. Pangerten
C. Kemayu
D. Teteg
E. Gumedhe 
21.       Gatekake pethilan cerkak ing ngisor iki!
Katon saya suwe srengenge saya mlaku mulih nyang parane. Sumiyati isih wae lungguh karo ngelap eluhe. Disawang foto ibune kang ana ing tangane. Dheweke isih lungguh ana ngisor wit randhu, ora nglegewa yen Winarto wis ana ing mburine.
Saka pethilan cerita cekak ing ndhuwur, pesen kang kakandhut yaiku ….
A. Sumiyati putra kang bekti marang ibune
B. Sumiyati mung predhuli marang Winarto

C. Sumiyati putra kang bhekti marang ibune
D. Winarto seneng ndelik ngamati Sumiyati
E. Sumiyati sengaja sedhih ben dimelasi Winarto

 

22.       Ing ngisor iki sing ora dadi titikane cerkak yaiku kejaba...
A. ngadhahi underaning crita
B. critane ringkes lan gampang dimangerteni
C. asil saka rekane panulis
D. nganggo basa krama alus
E. bisa diwaca saadegan 
23.      Ing ngisor iki, jenis paraga ing crita cekak yaiku ...
A. utama, kepindho, katelu
B. protagonis, antagonis, tritagonis
C. protagonis, utama, figuran
D. antagonis, protagonis, utama
E. antagonis, tritagonis, figuran 
24.      Flying Object Research Center (FORCE) kang anduweni anggota para Mahasiswa Teknik Mesin UGM kasil ngembangake teknologi pesawat tanpa awak utawi Unmanned Aerial Vehicle (UAV) ingkang dipunsukani nama 'Camar biru'. Damar Satria Guntoro salah  satunggaling  anggota  FORCE  ngendikakaken,  pesawat  ingkang  sampun

 

 

 

 

 

 

 

 

 

dikembangke salebetipun kalih taun menika nelasaken dana saageng Rp 25 yuta (selawe yuta rupiah). Pesawat menika dipundesain kanthi ukuran 120 centimeter uga anteb 4 Kg. Undering pawarta kasebut, yaiku...
A. Pesawat tanpa awak
B. FORCE duwe pesawat
C. Damar nggawe pesawat
D. FORCE ngembangake UAV
E. Mahasiswa UGM nggawe pesawat
 
25.  Gatekna Wacan ing ngisor iki!
Nalika surya kaping 13 pebruari 2014, Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping 190. Gempa vulkanik iku luwih dahsyat maneh nalika jam 12.00 nganti 18.00 nganti ping 442. Nalika jam sanga bengi luwih lima las menit, status Gunung Kelud saka siaga dadi awas, mula ing tlatah iki warga banjur padha ngungsi. Kurang luwih 5 km saka Kawah Kelud wis disterilke saka kegiyatan manungsa. Kurang luwih jam 10.00 bengi, kegiyatan manungsa diendheg utawa disterilke kang maune radius 5 km, saiki dadi radius 10 km. Iku kabeh kanggo keamanan amarga Gunung Kelud wis ngetokke lahar panas, lan awu vulkanik.
Teks ing ndhuwur durung nduweni irah-irahan. Irah-irahan sing trep kanggo teks ing ndhuwur yaiku..
a.  Kadadeyan ing surya kaping 13 pebruari
b.  Ewah-ewahan status Gunung Kelud
c.  Sterilisasi warga gunung kelud

d.  Awu vulkanik lan lahar Gunung Kelud
e.  Gunung Kelud mbledhos

essay

1.       Tuliske    lagu   pangkur….

2.      Gaweo    surat  permintaan  maaf….

3.      Tuliske  surat  ijin  sekolah

4.      Tuliske  9  wali …. jenenge

5.      Critake  terjadine  gunung  meletus…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CEK CEK DAN CEK

kisi kisi informatika x

 https://docs.google.com/document/d/1cp2beb6ILziMzOIwcyLtcbEVFfL6g9RD/edit?usp=sharing&ouid=116741601361459716985&rtpof=true&sd=...

UPDATE